TIGA TIADA DUNIA

Ada 3 "tiada" di dunia ini :
- tiada orang yang saya cintai
- tiada orang yang tidak saya percayai
- tiada orang yang tidak bisa saya maafkan

Senin, 24 Oktober 2011

Pambiwara

Assalamu'alaikum Wr. Wb.
Kula Nuwun,..
Para sesepuh, pinisepuh saha para tamu sinedhahan kakung putri ingkang tansah winantu ing pakurmatan. Karahayon, kawilujengan miwah sih wilasaning Gusti Allah swt. ingkang maha Kawasa mugi kaganjarna dhumateng para tamu sinedhahan sedaya, lumeberipun dhumateng kulo. Shalawat sarta salam ugi katur dhumateng kanjeng nabi Muhammad saw, kulowarga, sahabat, lan para pengikutipun ngantos yaumul akhir.
Keparenga kulo ingkang piniji minangka jejer Pambiwara, badhe maosaken urut rancangan lampah-lampahing tata cara ... ing titi wanci dalu/siang punika. Wondene tata cara ingkang sampun rinacik inggih punika : .... (1,2,3,...)
Mekaten para tamu menggah urut rancangan tata cara ... ing titi wanci dalu/siang punika, mugi handadosna ing kawuningan. Kulo suwun para tamu sinedhahan kakung putri keparenga lelenggahan kanthi merdikaning penggalih, nuwun.
Ÿ  Para tamu sinedhahan kakung putri ingkang tansah winantu ing pakurmatan, ....
Ÿ  Para tamu kakung putri ingkang sinuba ing suka basuki, ....
Ÿ  Para tamu kakung putri ingkang dhawat winantu ing pakurmatan, ....
Ÿ  Para tamu sinedhahan kakung putri ingkang winengku ing pakurmatan, ....
Ÿ  Para tamu kakung putri, hatur uninga bilih ....
Ÿ  Para tamu sinedhahan kakung putri ingkang winengku ing karaharjan, ....
Ÿ  Para tamu kakung putri ingkang winengku ing suka basuki ....
Ÿ  Para tamu kakung putri ingkang satuhu luhuring budi, tatacara salajengipun ....
Ÿ  Para tamu kakung putri ingkang winantu ing suka basuki, ....
Para tamu kakung putri ingkang satuhu luhuring budhi, pambiwara hanglenggana bilih taksih kathah kekirangan saha kuciwa anggenipun maosaken urut rancangan lampah-lampahing tata cara ... ing titi wanci dalu/siang punika, pramila keparenga para tamu sinedhahan sadaya paring samodra pangaksama. Mugi tansah rahayu ingkang sami pinanggih, konduripun para tamu nderekaken wilujeng. Nuwun.
Wassalamu'alaikum Wr. Wb.

"Alfatihah, Urip Sukma Sejati, Inggih Kadang Ingsun Keblat Sekawan Gangsal Palenggah, Kakang Kawah Adhi Ari-ari, Inggih Kakang Mbarep Adhi Wuragil. Sumangga Kula Aturi Ngamping-ampingi Saha Njampangi Sak Solah Jantra Kula, Kula Badhe Ngayahi Jejer Pambiwara, Mugi Sedaya Kawula Ingkang Sami Hamirengaken, Sedaya Sami Kepranan Penggalihipun. Amin, amin yaa Rabbal Alamin.."

Tidak ada komentar:

Posting Komentar